Blog

WordPress basa Jawa wis cumawis

17 Januari 2010, Mova Nugraha Ardi

Kulo Nuwun

Punika tulisan kapisan neng blog WordPress basa jawa iki.

Sakpunika WordPress nganggo basa Jawa wis cumawis neng kene. Panjenengan iso ngunduh kabeh paket WordPress basa Jawa nganggo pranala sing cumawis ono kene.

WordPress basa Jawa iki isih lagi wae lahir. Menawa dipadhakke karo manungsa isih bayi. Isih lagi sinau mlaku lan matur. Amarga isih anyar lan lagi lair akeh tembung – tembung sing durung sampurna. Menawa Sampeyan nduweni pamrayogi kanggo WordPress basa jawa iki monggo nganggo formulir kontak.

Sakdurunge WordPress basa Jawa iki wis cumawis WordPress bahasa Indonesia lan WordPress basa Sunda. WordPress basa Jawa iki nggawe WordPress tambah samsaya nyenengke amarga iso diunduh lan dienggo neng pirang pirang basa neng donya.

Monggo diunduh lan seneng- seneng nganggo WordPress basa Jawa iki.

Komentar

  1. Nazieb 26 Januari 2010, 07:44 #

    Walah, tas weruh yen versi Jowo wes dirilis..

    Maknyos gan ;)

  2. yosafat 26 Januari 2010, 08:37 #

    Kula sampun unduh Pak. Matur nuwun sampun nerjemahaken WordPress dumateng basa Jawi. Mugi-mugi WordPress saged dados sarana mbudidoyo kabudayan Jawi.

    Nuwun.

  3. oglek 27 Januari 2010, 14:39 #

    maturnuwun kangmas2 lan mbakyu2 ingkang sampun nyisihaken wekdal ndamel terjemahan basa jawi niki. Mugi-mugi saged nglestantunake basa jawi kagem kawula mudha, khususipun ingkang gadhah blog wordpress.

    *mumet dab ngomen nggo basa jawa :D *

  4. almuth 28 Januari 2010, 10:44 #

    mantep gan!

    neng kok malah bingung ya :hammer:, padahal ya wong jawa

    menawa basa jawa sing dienggo ana kene nggawe Panjenengan bingung monggo ngagem formulir kontak.
    Mbok menawa akeh tetembungan sing saged Panjenengan prayogihaken dateng wordpress basa jawa iki

  5. arifudin 28 Januari 2010, 11:52 #

    wah apik kang, aku pingin nyoba ach :mrgreen:

  6. MQ Hidayat 28 Januari 2010, 14:33 #

    apik.. apik..
    dadi pengen njajal.

    salut aku mas, tlaten temen mean iku.

  7. arifudin 29 Januari 2010, 17:33 #

    @ MQ : wah hayo ndang dijajal :lol:

  8. hersu 31 Januari 2010, 05:36 #

    o….sip tenan

  9. Tegar 1 Pebruari 2010, 11:03 #

    matur nuwun kang… cawis cumawis

  10. de-nasrul 18 Pebruari 2010, 19:51 #

    Sampurasun,

    Walau amat sangat terlambat sekali banget, saya bermaksud mengucapkan selamat atas gelarnya WordPress bahasa Jawa.

    Baktos,
    dari WordPress basa Sunda
    http://su.wordpress.org/

  11. Hendy Prima 22 Pebruari 2010, 07:23 #

    Waduh tambah kepenak sakniki saget ngeblOg lan nulis gawe WordPress versi bahasa Jawi..semoga langgeng…

  12. Eko Prasetyo 27 Pebruari 2010, 03:12 #

    Wah…..nderek remen …sakniki sampun wonten WordPress Versi Jawi…..kulo sampun unduh…..Matur Nuwun…..

  13. andaripa 1 Maret 2010, 17:45 #

    geh mbeke gaul karo basa jawa ….

  14. Khoirul Ilmawan 5 April 2010, 13:25 #

    Sugeng dalu,
    Kulo nembe kemawon sinau internet, bade ndamel sub domain nanging mboten saget, lajeng mlebet dateng Forum, weee lah……. kok nemoni wordpress basa jawa. mulai sak mangke kulo bade nderek sinau…… dikeparengake to?
    numun,

  15. Michelle 20 April 2010, 02:40 #

    Sugeng dalu,
    Kulo nembe kemawon sinau internet, bade ndamel sub domain nanging mboten saget, lajeng mlebet dateng Forum, weee lah……. kok nemoni wordpress basa jawa. mulai sak mangke kulo bade nderek sinau…… dikeparengake to?
    numun,

  16. Bruce 22 Mei 2010, 06:56 #

    apik.. apik..
    dadi pengen njajal.

    salut aku mas, tlaten temen mean iku.

  17. Steve 28 Mei 2010, 23:23 #

    Waduh tambah kepenak sakniki saget ngeblOg lan nulis gawe WordPress versi bahasa Jawi..semoga langgeng…

  18. Emily 2 Juni 2010, 15:20 #

    matur nuwun kang… cawis cumawis

  19. Amy 5 Juni 2010, 12:29 #

    Waduh tambah kepenak sakniki saget ngeblOg lan nulis gawe WordPress versi bahasa Jawi..semoga langgeng…

  20. dulkamid 13 Juni 2010, 12:35 #

    salut tenan ane wong jowo iki terah gudange kreatip. sedelu meneh ono blogspot jowo.wis pokoke terusno kang !

  21. Abby 17 Juni 2010, 13:36 #

    Wah…..nderek remen …sakniki sampun wonten WordPress Versi Jawi…..kulo sampun unduh…..Matur Nuwun…..

  22. Kaitlyn 27 Juni 2010, 14:27 #

    Wah…..nderek remen …sakniki sampun wonten WordPress Versi Jawi…..kulo sampun unduh…..Matur Nuwun…..

  23. bsantos 21 Juli 2010, 07:08 #

    sugeng sore

    kula nderek seneng amargi wonten wordpress basa jawi … yen bade ngunduh niku ngunduh nopo ngih ???
    lajeng langkah2 ipun kados pundi ??

    Monggo maos rumiyin carane nginstall trus diunduh wae wordpress saka pranala unduhan neng kaca ngarepan

  24. menterimasak 24 Juli 2010, 17:21 #

    ikutan akh… walaupun gak ngerti bener, saya masih orang jawa….

  25. Anamichii 12 Oktober 2010, 00:39 #

    hi hi..
    bahasanipun campur aduk mboten menopo2 nggih, sampun sae kok..

  26. anelka sapta kurniawan 1 November 2010, 07:07 #

    Al hamdulillah sampun wonten WordPress basa Jawa mugi2 sagetho nambah paweruh neng liyan……..kulo injeh sinau boso kok mas…???

  27. Aneka Berita 2 November 2010, 21:53 #

    Kula kok malah gadhah petangletan mas, punapa ta tujuanipun punika? Pengguna halah, user halah, user internet punika lak warni-warni bahasanipun, punapa boten sae kemawon menawi punika basa dados dipun lebetaken wonten ing translate basa jawi kemawon? Halah, susah banget yah. Salam saking Kendal. Nanging sae kok.

    mboten nduwe tujuan punapa – punapa, namung sampun wonten WordPress basa sunda kok basa jawa mboten wonten ngoten kemawon

  28. TKB 2 November 2010, 21:56 #

    Blog WordPress gratisan ingkang ngangge basa Jawi ndak sampun wonten nggihan mas? :roll:

    ketingalipun Dereng wonten monggo damel kemawon ngagem WordPress multi site basa jawa

  29. naufal 2 Desember 2010, 07:28 #

    kedah di lestantunke ko mas…

Nambahi komentar