Blog

monggo mbiyantu nerjemahke WordPress basa jawa

9 September 2010, Mova Nugraha Ardi

Saiki wis cumawis kanggo sapa wae sing kepengin mbiyantu nerjemahke WordPress basa jawa iki. Neng kene http://translate.wordpress.org/projects/wp/dev.

Dadi menawa Panjenengan ngrasakke tembung tembung sing dienggo neng WordPress basa jawa iki kurang prayogi Panjenengan isa maringi pamrayogi neng kono.

Menawa kepengin maringi pamrayogi kanggo WordPress sing durung njedul isa klik neng kene http://translate.wordpress.org/projects/wp/dev/jv/default

Menawa kepengin maringi pamrayogi kanggo WordPress sing uwis njedul isa klik neng kene  http://translate.wordpress.org/projects/wp/3.0.x/jv/default

Nanging kanggo maringi pamrayogi panjenengan kudu nduwe jeneng panganggo forum WordPress.org (Username forum WordPress.org).

gambar glotpress

gambar glotpress

Monggo sami maringi pamrayogi supados WordPress basa jawa punika tambah sae lan samsaya kepenak dipun agem.

Maturnuwun

Komentar

  1. Penjual Web 20 Oktober 2010, 08:02 #

    manteb mas boso jowone
    teksih butuh kapitulungan mas?

  2. Krismanto Aloy 13 November 2010, 12:38 #

    Nambahne pangalembono?

    “Forum” iki apa pancen kanthi karep kanggo nambah pangalembana (ugungan, basa Indonesia: sanjungan, apa liyane?

    Yen pancen iku karepe, mung perlu diganti panulise: Nambahake (utawa: Nambahi)pangalembana. Nanging yen uga mengku karep kanggo “sharing”, ya gawe papan sharing, kayata URUN REMBUG.

    Mangga, mas Nugroho Ardi, dipun tanggapi.

    Menawi badhe maringi pamrayogi monggo klik kemawon pranala wonten nduwur maturnuwun

Nambahi komentar