Ngganti bāsā WordPress standar dadi Bāsā Jawa

Babagan ngganti basane blog WordPress standard dadi WordPress basa jawa wis tau tak tulis neng blog ku pribadi nanging iki tak baleni maneh neng kéné. Amargā aku kepéngin ben akéh kanca-kanca sing nganggo WordPress basa jawa iki lan iso maringi aku pamrayogi babagan basa jawa sing dienggo neng WordPress Basa Jawa iki.

Saktenane menawa Panjenengan nganggo mesin blog basa jawa sing katon ono njobo ora ketok menawa mesine nganggo WordPress basa jawa. Sing katon ono njobo lan di waca karo pamirsa ne blog panjenengan gumantung soko tema sing dienggo panjenengan. Dadi Panjenengan ora kudu ngganti tulisan-tulisan neng blog panjenengan dadi basa jawa. Menawa sakdurunge nganggo basa Inggris wis ben wae, namung mesine saiki nganggo basa jawa.

Iki carane ngganti mesin Blog panjenengan dadi basa jawa.

  1. unduhen sik file MO lan PO WordPress basa jawa neng kene  2.9, 2.9.1, 2.9.2 (pilihen sik blogmu nganggo versi WordPress sing endi)
  2. Unggahno neng folder /wp-content/language/ (menawa durung ono folder languages digawe wae)
  3. Owahono utawa dandanono berkas wp-config panjenengan
  4. Goleki tembung  define (‘WPLANG’, ”); gantinen dadi define (‘WPLANG’, ‘jv_ID’); simpen owahan berkas wp-config Panjenengan.
  5. Mlebu log meneh saiki wordpress panjenengan wis dadi basa jawa.
  6. Prayogine sakdurunge ngganti basa serepno dhisik (back up) database panjenengan mbok menawa ono sing sulaya

Moga moga kasil anggonmu ngganti basane blog dadi basa jawa.

22 usulan nang “Ngganti bāsā WordPress standar dadi Bāsā Jawa

  1. Mas, Kula gadah usul,menawa saget WP guna’aken Bahasa Jawi Kasar,,menawi bahasa sing di damel sakniki kalusen..

    Ketoke iki wis rada kasar Mas wingi ya wis ana sing maringi pamrayogi menawa basa jawa ne ke kasaren dadine wis ben ngene sik wae

    maturnuwun

  2. Arep urun rembug, panulise tembung apa ora manut aturan sing nate dak sinaoni ana SD/SMP kae wae ya. Kaya tembung “pangalembono”, yen manut sing nate dak weruhi panulise “pangalembana”, “bana” saka aksara Jawa sing tanpa sandhangan, dene “bono” kuwi entuk sandhangan taling tarung. Nyumanggakake.

  3. mantebbb..moga2 bisa berguna kanggo khasanah per-wordPres-an.
    NB: nyuwun tulung, damelaken bahasa ngapak saged mboten mas..

  4. Mas, Kula gadah usul,menawa saget WP guna’aken Bahasa Jawi Kasar,,menawi bahasa sing di damel sakniki kalusen..

    Ketoke iki wis rada kasar Mas wingi ya wis ana sing maringi pamrayogi menawa basa jawa ne ke kasaren dadine wis ben ngene sik wae

    maturnuwun

  5. mantep tenan puniki. kula badhe anyaran nyobi wordpress. dados mantep lah.
    bahasa jawa untuk penulisannya memang ada beberapa yang kurang srek. yah seperti ; jawa yang dibaca jowo (dengan huru o yang tidak bulat, seperti kita membaca kata bodoh. dan huruf o {tidak bulat} ditulis dengan huruf a contohnya ;; jaka, jawa, sala, ngapa lan sak panunggalane).

  6. Bener mas/mbak Amy. Lha lek ngene yo lucu, lha wong bosone kene ora tau alusan… wakaka…
    iki sopo to sing nggawe sak jane? sangar aseline, tapi yo iku, dadi aneh lek alusan ngene…
    Usul maneh, mbok menowo dirilis boso Suroboyoan cak… Luweh sip asline, cak cok-an ngono… Hahay!

  7. kiye sih anu maen temen yah kang, ngesuk mbasa anu ana sing ggawe nganggo basa hanacaraka mbarang … yauwis.. pokoke sip.. sip…

    nek ulih aweh saran kiye kang, ngaggo basa jawa telung versi sisan, ngoko, krama lan krama inggil.

    sekiyan.. matur nuwun..

  8. lha iki, salah sijine coro nguri-uri kabudayan jawi. dadi anak, cucu, buyut mbesuk ora kelangan sejatine awake dhewe. ora mung isone niru-niru kabudayan monco sing durung mesti pener lan bener. terus kembangno kang.. matur nuwun…

  9. Kula sarujuk menawi WP punika ngagem basa Jawa ingkang alus. Jalaran saged kangge nguri-uri kabudayan tilaranipun para leluhur ingkang adi luhung.

    Matur nuwun.

    Salam saking Ngayogyakarta.

  10. lha iki, salah sijine coro nguri-uri kabudayan jawi. dadi anak, cucu, buyut mbesuk ora kelangan sejatine awake dhewe. ora mung isone niru-niru kabudayan monco sing durung mesti pener lan bener. terus kembangno kang.. matur nuwun…

  11. niki nggih manteb tenan, seged nguri uri kabudayan jowo. namung sing wordpress versi 3(tigo)kapan metune nggih
    matur suwun..

  12. wuih, mantep temen. nuwun sewu, kadosipun wonten ingkang kirang patrap menawi dipun sambungaken kaliyan ejaan basa jawi baku:
    unduh –> undhuh
    monggo –> mangga
    pangalembono –>pangalembana
    nerjemahke –> nerjemahake

    cobi mirsani:
    http://books.google.co.id/books?id=AS7c8-XJsRcC&pg=PR3&lpg=PR3&dq=ejaan+baku+bahasa+jawa&source=bl&ots=aMz2GcMJpT&sig=2UC03kFiNc_dDYY7Ba-sioJ1unQ&hl=en&ei=7MGmTOLxM4vKvQOp4q2iDQ&sa=X&oi=book_result&ct=result&resnum=4&ved=0CCAQ6AEwAzgK#v=onepage&q=ejaan%20baku%20bahasa%20jawa&f=false (Pedoman umum ejaan bahasa Jawa huruf Latin yang disempurnakan – Balai Bahasa Yogyakarta
    suwun

  13. Miturut panemuku, Balai Bahasa Yogyakarta nduweni peran kang gedhe kanggone kita bisa nguri-uri basa Jawa. Sawetara tulisan kang wus kapacak, isih akeh nyampur basa Jawa lan basa Indonesia. Contone, kepriye sing bener kaya kang kang kaserat dening “ang” 2 Oktober 2010.
    Coba, yen ana tulisan bojone loro, iku karepe bojone sakit apa bojone ora mung siji. Tulisan bojone loro = bojone 2, yen bojone sakit, gerah, nulise bojone lara, lan isi akeh maneh.

    Ayo pada nyengkuyung bebarengan panguri-uri basa Jawa kang edi iku.

  14. Sugeng tetapangan. Iki aku uga nggawe blog jawa ananging basa sing dak enggo basa jawa campuran amburadul ora karu2an.

Maringi Balesan