WordPress 4.8 Rilis Paket Bāsā Jawa

Uwis suwé banget, kurang luwih limang tahun kepungkur WordPress nduwéni versi undhuhan nganggo bāsā Jawa yakuwi versi 3.x. Saiki WordPress uwis ānā versi 4.8 lan versi 4.9 sing ésih pangembangan, nanging durung ānā Paket Rilis versi bāsā Jāwā sing cumawis.

Sewulan kepungkur iki Tim Penerjemah Bāsā Jawa kerja keras, kerjā marathon kanggo nerjemahaké versi 4.8. Alhamdulillah versi 4.8 iki uwis kasil diterjemahaké kanthi 100% lan versi pangembangan 4.9 uwis mlebu 99%.

Uwis dadi cita-citané Tim Penerjemah bāsā Jawa, WordPress versi 4.x kudu nduwéni versi bāsā Jawa saora-orané  ānā siji sing cumawis. Lan versi 4.8 iki sing diandalaké dadi caloné. Sakdurungé versi resminé cumawis “mānggā dipuncobi” versi kandidat sing saged Panjenengan undhuh.

 

Versi 4.8 Bāsā Jawa

Maringi Balesan