WordPress 4.9 RC uwis Cumawis!

Dinā iki WordPress 4.9 Release Candidate nembé waé dirilis. Sampéyan bisā mélu ngréwangi ngujicoba lan métani paket RC iki mbok menāwā ésih nemu sapèrangan kaluputan nang sajroning program. Yén uwis ora ānā alangan manèh berarti versi iki siap kanggo situs produksi lan versi sing stabil bakal dirilis ora suwé manèh. Miturut jadwal rilisé,  yakuwi tanggal 14 November 2017.

Versi Rilis Kandidat iki ugā uwis cumawis nang bāsā Jawa. Yén sampéyan péngin nyoba, mānggā diundhuh nang laman kéné.

Maringi Balesan