Aksara Jawa kanggo nulis terjemahan WordPress

Aksara Jawa kalebu aksara sing tuwa umure. Sakdurunge nganggo aksara latin bahasa jawa ditulis nganggo aksara Jawa. Bahasa Jawa yen ditulis nganggo aksara Jawa luwih pas pangucapan lan artine.

Semana uga yen terjemahan polatan aplikasi-aplikasi kayadene WordPress ditulis nganggo aksara jawa, bakal nampilake kasil sing luwih pas lan bener pangucapane.

Aksara Jawa kuwi wiwit tahun 2009 uwis kedaftar resmi nang Unicode versi 5.2 sing dadi standar baku kode aksara-aksara lokal nang sistem komputer sak dunya. Wondene WordPress uwis bisa nampilake aksara-aksara lokal mau wiwit versi 3 unicode nganti saiki wis nyandhak versi 13.

Terjemahan polatan (interface) WordPress bisa ditulis nganggo aksara Jawa. Nang ngisor iki tetembungan sing kerep dienggo WordPress yen ditulis nganggo aksara Jawa:

blog : ꦧ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀
pos : ꦥꦺꦴꦱ꧀
kaca : ꦏꦕ
sidhatan : ꦱꦶꦝꦠꦤ꧀
pranala : ꦥꦿꦤꦭ

(Yen aksara jawane ora tampil utawa mung gambar kotak-kota, mangga dipun undhuh font unicode aksara Jawa ing situs iki)

Maringi Balesan