WordPress
Versi 3.0

Semantic Personal Publishing Platform

Pambuka

Sugeng Rawuh. WordPress punika proyek ingkang spesial sanget kagem kulo. Saben pangembang lan kontributor nambahke babagan-babagan unik neng njero racikane, lan bebarengan awake dhewe nggawe salah siji ning babagan sing apik nganti aku krasa bungah dadi perangan soko kui. Wis ewon jam sing diparingake kagem WordPress, lan kabeh duwe dedikasi kanggo nggawe kui tambah apik saben dinane. Maturnuwun amargo wis nggawe dewekke dadi perangan soko Donya.

— Matt Mullenweg

Instalasi: 5 menit nginstall sing kondang

  1. Unzip/bukak paket neng direktori kothong lan unggahne kabeh.
  2. Bukak wp-admin/install.php neng perambah sampeyan. Kui bakal nggawa sampeyan neng proses ngatur lan nyetel berkas wp-config.php kanggo diiseni nganggo detil sinambungane database sampeyan.
    1. Menawa ana sakperangan alesan iki ora isa mlaku. Ojo kuatir amarga ora kabeh web hosting isa nglakokone iki. Bukaken berkas wp-config-sample.php nganggo piranti dandani text kaya WordPad utawa sing ameh padha karo kui lan lebokno informasi sinambungan database Sampeyan..
    2. Simpen berkas dadi wp-config.php lan unggahno kui.
    3. Bukak wp-admin/install.php neng perambah Sampeyan.
  3. Babagan iki kanggo nata tabel-tabel sing dibutuhne blog Sampeyan. Menawa ono sing sulaya, priksanen meneh berkas wp-config.php Sampeyan, lan dibaleni meneh. Menawa iki tetep ora iso, Monggo niliki forum payokong karo sak akeh-akehe data sing iso mbok klumpukne.
  4. Menawa sampeyan ora nglebokne tembung sandi ,Cateten tembung sandi sing diparingke dateng sampeyan. Menawa sampeyan ora nglebokne jeneng panganggo, admin sing bakal dadi jeneng panganggo sampeyan.
  5. Bubar kui skrip instalasi nggawa Sampeyan neng kaca mlebu log. Mlebuo log nganggo jeneng panganggo lan tembung sandi sing mbok pilih wayah masang/nginstall. Menawa tembung sandi kui digawekke kanggo sampeyan, sampeyan isa ngowahi tembung sandi neng 'Profil'.

Nganyarke

Nganggo Otomatis Nganyarke

Menawa sampeyan nganyarke saka versi 2.7 utawa luwih dhuwur sampeyan isa nganggo nganyarke otomatis:

  1. Bukak wp-admin/update-core.php neng perambah sampeyan lan meluo pituduhe.
  2. Mbok menawa sampeyan pengin luwih? Wis namung kui wae!

Nganyarke Manual

  1. Sakdurunge sampeyan nganyarke, serepno dhisik berkas berkas sampeyan.
  2. Ilangi kabeh berkas WordPress lawas sampeyan, nanging simpenen sing wis mbok owahi.
  3. Unggahne berkas anyar.
  4. Bukak /wp-admin/upgrade.php neng perambah sampeyan.

Ngganti Templat Tema

Menawa Sampeyan wis ngowahi dhewe templat sampeyan, sampeyan kudu ngowahi kui ben cocok karo versi iki.

Mindah saka sitem liyane

WordPress isa Ngimpor saka sitem liyane. Pisanan Sampeyan kudu nginstal WordPress dhisik kaya sing diterangne neng nduwur, sakdurunge nganggo piranti ngimpor.

Sistem sing Dibutuhne

Sistem sing Direkomendasikne

Sumber Daya Online

Menawa Sampeyan nduwe pitakonan sing ora ono neng kene, monggo nganggo sumber daya online WordPress sing ora ono batesane::

WordPress Codex
Codex punika kumpulan ensiklopedia kabeh babagan WordPress. Iki sumber informasi babagan WordPress paling komprehensif sing ono.
Blog WordPress
Punika panggonan neng ngendi Sampeyan iso nemu panganyaran paling keri lan berita sing sinambungan karo WordPress. Berita paling keri saka WordPress standare katon neng dasbor administrasi sampeyan.
Planet WordPress
Planet WordPress punika agregator berita sing ndadekke siji tulisan soko pirang-pirang blog WordPress soko kabeh penjuru web.
Forum Panyokong WordPress
Menawa Sampeyan wis nggoleki neng kabeh panggonan lan isih durung nemu jawabe, forum panyokong kui aktif banget lan duwe komunitas jembar sing sedya kanggo ngrewangi. Kanggo ngrewangi dewekke wayah ngrewangi Sampeyan, pastekno nganggo judul thread sing deskriptif lan keterangan babagan pitakonan Sampeyan sakcetho-cethone.
Canel WordPress IRC
Paling keri, ono pangonan kanggo rasan-rasan online sing dienggo ngobrol panganggo WordPress lan sok-sok ngangkatne topik. Kaca wiki neng nduwur nggawa Sampeyan neng panggonan sing bener.(irc.freenode.net #wordpress)

XML-RPC lan Antarrai Atom

Sampeyan isa ngirim tulisan neng blog WordPress sampeyan nganggo piranti kaya Windows Live Writer, Ecto, w.bloggar, Radio Userland (sing artine sampeyan isa nganggo email Radio-neng-fitur blog ), NewzCrawler, lan piranti liyane sing nyokong API kanggo ngeblog! :) Sampeyan isa maca luwih akeh babagan sokongan XML-RPC neng Codex.

Ngirim Tulisan nganggo Email

Sampeyan iso ngirim tulisan soko email! Kanggo ngatur opsi kui neng layar "Nulis" lan isinen informasi koneksi rahasia akun POP3 Sampeyan. Sakwise kui Sampeyan kudu nata wp-mail.php supoyo kanthi periodik mriksa tulisan anyar neng kotak surat. Sampeyan iso nganggo cron-jobs, utawa menawa hosting sampeyan ora nyokong kui sampeyan iso mirsani layanan ngawasi website, lan nggawe dewekke iso ngakses URL wp-mail.php sampeyan.

Ngirim tulisan kui gampang: Kabeh email sing dikirim neng alamat sing sampeyan tetepke mesti dijedulne, nganggo subyek sing dadi judule. Sing paling apik yo kudu njaga rahasiane alamat email kui. Skrip bakal ngilangi email sing wis kasil dijedulne.

Dhapukan Panganggo

Sistem dhapukan sing luwih fleksibel wis dikenalne neng versi 2.0. Sampeyan isa maca luwih akeh babagan Dhapukan lan kabisan neng Codex.

Final Notes

Ngedum rasa Tresno

WordPress ora nduwe kampanye dodolan jutaan dollar utawa sponsor selebriti, nanging WordPress nduwe sing luwih apik soko kui—Sampeyan. Menawa Sampeyan seneng nganggo WordPress monggo ngandani kanca, utawa masangne utawa nginstalke kanggo uwong sing durung ngerti akeh dibandingne Sampeyan, utawa nyurati panulis media sing durung ngerti WordPress.

WordPress punika tutugan resmi soko b2/cafélog, sing digawe Michel V. Gawean punika ditutugke karo Pangembang WordPress. Menawa Sampeyan pengin nyokong WordPress, monggo ditimbang-timbang maringi sumbangan.

Hak Cipta

WordPress dirilis neng ngisor GPLv2(pirsani license.txt).